Selasa, 22 November 2011

Gedhang Kepok, Gedhang Ijo

Gedhang Kepok, Gedhang Ijo

Nyoh, Kang, iki bayarane. Senen sesuk kowe sakkanca-kancamu leren dhisik anggone gawe tahu lan tempe,” mangkono pratelane Marjuki, juragan tahu tempe, karo ngelungke dhuwit pangaji Rp 90.000.

Kang Darman langsung nampa dhuwit sing dilungke juragan Marjuki. Kang Darman plenggongan lan bingung ora mudheng karepe juragan Marjuki kanthi ukara ngono mau.

“Hla, wonten napa ta, Juragan, kok benjang Senen prei?” Kang Darman nggenahake.

“Ngene lho, Kang, wiwit Senen pabrik ora bisa nggiling dhele maneh. Amarga reregan dhele dhuwur banget, “ mangkono Marjuki njlentrehake kanyatan sing diadhepi marang Darman sing isih katon bingung.

“Mula takjaluk kowe sakkanca leren dhisik, “ Marjuki nambahi katrangane.

“Sesuk mangan apa maneh, yen aku leren nyambut gawe,” Kang Darman mbatin.

Bubar nampa dhuwit bayaran Kang Darman lemes kaya ora duwe daya babar blas. Apamaneh sakwise juragan Marjuki aweh katrangan yen pabrik bakal tutup. Kaya-kaya sikile Kang Darman angel dinggo njangkah tumuju omah.

Pikirane tambah buneg nalika mikirake nasibe anake loro sing isih cilik-cilik lan bojone, Minah, sing lagi ngandhut telung wulan.

“Piye anggonku ngomong karo bojoku menawa aku wis leren anggonku nyambut gawe, “ Kang Darman omong dhewe turut ndalan. Kamangka ing bale somahe sing nyambut gawe ya mung Kang Darman dhewe, bojone ya durung suwe nembe wae di-PHK saka pabrik papan nyambut gawene. Kawitane amarga melu-melu dhemo karo kanca-kancane nuntut undhak-undhakan bayaran. Saiki Minah nganggur ngopeni anak-anake.

Sakdurunge jan-jane Kang Darman wis ngelingake Minah supaya ojo melu-melu dhemo. Nanging Minah tetep ngeyel, amarga yen ora melu dhemo bakal digethingi dening kanca-kancane ing pabrik.

Sajroning aksi dhemo, Minah ora mung melu-melu nglunpuk bareng kanca-kancane, ananging malah mimpin dhemo nggawa megaphone sinambi bengak-bengok ing sangarepe lawang pabrik sing dijaga aparat pulisi lan Satpam.

“Hidup buruh ! Hidup wong cilik !” bengoke Minah sing banjur dikeploki kanca-kancane. Minah saya kendel anggone nyaruwe kawicaksanan manajemen pabrik sing dianggep ora adil. Esuke Minah diparani wong lanang loro, dedege gedhe dhuwur, awake kebak tato.

“Yen kowe mimpin dhemo maneh, omahmu tak obong !” wong mau ngancam Minah karo ninggalake layang. Minah banjur mbukak amplop layang cekak sing isine Minah dipecat saka gaweyane ingpabrik.

“ Apa aku menyang Jakarta wae, nyusul Suharno adhiku, melu dadi buruh laden tukang, “ pikirane Kang Darman nglambrang tekan ngendi-endi. Sing mumet jebul ora mung Kang Darman dhewe. Kanca-kancane sakpagaweyan kayata Parmin, Parjo lan Suntlup uga nggresah. Amarga dilereni dening juragan Marjuki.

“Hla nganti tekan kapan awake dhewe bakal nganggur, “pitakone Parmin marang Parjo.

“Aku ya ora ngerti, Kang, muga-muga reregan dhele lan liya-liyane ndang enggal mudhun,“ kandhane Parjo aweh katrangan marang pitakone Parmin.

“Urip iki rumangsaku saya suwe kok ora tambah kepenak, malah kabeh reregan sassaya mundhak, urip dadi tambah rupak,” Parmin nggresah maneh.

“Wis ta, Kang, Kang, rasah kakehan sambat, urip penak utawa rekasa kuwi dilakoni kanthi ati entheng wae,“ semaure Parmin karo nyerot udut Tingwene, lintingan dhewe.

Tekan pojok gang arep mlebu omahe, Kang Darman isih rangu-rangu anggone mlangkah. Kepriye anggone arep nerangake marang bojone babagan PHK saka nggone juragan Marjuki mau. Kang Darman wis tekan ngarep lawang omah, tangane tengen isih rangu-rangu arep dhodhok-dhodhok lawang . Koyo adat sabene, bojone mesthi wis nyawisake wedang teh kluthuk lan pohung goreng karemane Kang Darman.

“Mbokne, bocah-bocah padha ning ngendi?” Kang Darman takon bojone.

“Nembe mawon sami gegojegan wonten kamar wingking,“ wangsulane bojone karo mesem, ora ngerti yen atine Kang Darman nembe goreh lan kebak rasa rupak.

“Mangga, Pakne, dipun unjuk!” Minah nyawisake wedang karo pohung goreng karemane Kang Darman.

Kang Darman enggal-enggal nyruput wedang lan mangan pohung goreng. Kang Darman isih krasa wegah adus. Amarga pikirane isih bunek lan judheg. Saking mumet anggone mikir, ora krasa yen wis entek Tingwe tekung linting.

“Pakne, mangga kula aturi enggal siram, sampun peteng lho,” bojone akon supaya ndang adhus.

“Mengko dhisik, Mbokne, isih durung kober,“ kandhane Kang Darman lemes.

“Mbokne, a ... k ...,“ Kang Darman ora tekan anggone arep aweh katrangan marang bojone.

“Wonten napa ta, Pakne? Kok mboten sida ngendika ?” bojone genti takon. Bojone nyawang Kang Darman katon melu bingung.

Kang Darman wusana wani aweh katrangan babagan PHK mau. Sanadyan atine remuk lan ora mentala.

“Anu, Mbokne, wiwit Senen sesuk aku wis leren nyambut gawe ing pabrik tempe lan tahu”.

Minah meneng sedhela. “Napa, Pakne? Panjenengan dipun-PHK saking pabrikipun juragan Marjuki ?” pitakone Minah sajak ora percaya. “Lha, sebabe napa Pakne ?” Minah takon maneh.

Kang Darman nerangake yen juragan Marjuki netepake kawicaksanan nglereri kabeh karyawane amarga reregan dhele larang banget lan ora cucuk antarane wragat prodhuksi lan bebathene.Krungu katrangane Kang Darman, Minah ngalamun, mripate neteske luh lan mbrabak abang.

“Lajeng, lare-lare kadospundi, mangkih sampi nedha napa? Arta saking pundi kangge nempur beras, manawi panjenengen kenging PHK?” Minah nangis mbanjur mlebu kamar.

Krungu tangise bojone atine Kang Darman sansaya kaya diiris-iris, dheweke isih dhelog-dhelog ing kursi penjalin lawas sing wus prothol kana-kene sinambi nyawang usuk omah sing wis padha gapuk dipangan umur.

Pikirane nglambrang tekan ngendi-endi. Dheweke arep nyambut gawe apa maneh durung kepikiran. Sing dipikirke mung siji sesuk-esuk anak-anakke lan bojone arep mangan apa. Kamangka dina Senen dheweke lan sakkancane wis ora nyambut gawe maneh. Wayah wis nuduhake tabuh 24.00. Kang Darman durung krasa ngantuk babar blas, amarga pikirane ruwet. Lawang kamar dibukak, Kang Darman ora tega nyawang bojone turu njingkrung katon kadhemen. Lan anak loro padha turu ungkur-ungkuran.

Esuke Minah bengok-bengok lan gawe kaget tangga-tanggane. Kang Darman nggantung ing blandar omahe. Ana kanthongan klambine ditemokake layang cekak sing ditulis tangan. Ing layang iku tinulis,”Minah bojoku, aku njaluk ngapura, kapeksa aku ndhisiki kowe, rumaten bocah-bocah, aku njaluk pamit”.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar