Selasa, 22 November 2011

Gara-gara Wedi Kiamat

Gara-gara Wedi Kiamat

Sutini bocah ndesa sing bingungan. Sakjane umure ya wis akeh, kira-kira 29 taun. Nanging dheweke durung duwe bojo. Dheweke mung neng ngomah wae, gur ngarit ngewangi simbahe lan manggone ya neng omahe mbahe. Omahe neng Sawit, Boyolali. Senajan bocahe rada nggong nanging dheweke sregep ngrewangi pagaweyan ngomah. Wiwit saka nyapu, isah-isah, umbah-umbah nganti urusan ngopeni ingon-ingon dheweke uga pinter.
Sawijining dina Sutini bingung banget. Kabeh sandhangan sing neng lemari diwadahi tas. Ana uga sing diwadhahi plastik kresek amarga tase wis ora amot. Dandang, wajan, sothil, enthong, piring, gelas, kabeh diwadhahi bagor. Nganti krodhong warisane mbah buyut wae melu dicemplungake bagor. TV, radio, VCD, DVD, uga ora keri. Wong isine lemari ngarepan sing guedhe kae ya ora keri. Saking bingunge Sutini, nganti kuthuk klange­nane uga ora keri. Kuthuk mau dilebokake kresek di­wenehi beras sak gegem supaya ora mati ngelih. Dheweke isih mikir kepiye anggone ngadhahi sapi lan wedhuse.
“Yen tak lebokke kerdhus. Terus sepira kerdhuse ya? Yen tak wadhahi plastik mesthine ya polah. Wong digawekke kandhang semene ambane wae isih usreg tur dugang-dugangan wae, apa maneh yen tak wadhahi plastik? Terus piye ya? O… iya, sesuk tak sewakke truke mas Mardi wae”, Sutini gremengan ana ngarep kandhang. Ora lali pangan anggone tuku neng pasar mau esuk uga diwadhahi. Beras, bumbon-bumbon, iwak, buah-buahan, sayur-sayuran lan ora lali panganan kesenengane, teri bakar karo sega jagung lan gudhangan. Wiwit esuk nganti bengi Sutini mung ngurusi iku mau, kabeh sembarang kalir kudu bisa diwadhahi.
Ndelok kelakuwane putune sing kaya mengkono iku, si­mbahe bingung. “Kowe ki ana apa ta nduk?” simbahe takon.
“Wis mbah, pokoke njeneng­an manut mawon kalih kula, mboten usah kuwatir. Pokoke awake mesthi slamet. Njeneng­an mendel kemawon,” jawabe Sutini.
“Suwe-suwe bocah iki saya ndadi”, bathine simbahe. Nonton tingkahe Sutini sing saya ndadi, simbahe mikir yen putune iku wis edan. Mula simbahe cekat-ceket nyang omahe mas Darma. Neng kana dheweke nyritakake ke­lakuwane Sutini sing saya aneh. Simbah ngongkon mas Darma supaya nggolekake tamba kanggo Sutini. Anggepe si­mbahe Sutini, mas Darma iku luwih pengalaman nggolekake tamba, amarga dheweke dokter kewan paling terkenal ing ndesa kono. Mas Darma dhewe ya bingung, arep digolekake tamba nyang ngendi? Wong mas Darma ya ora nduwe kenalan tukang nambani lara kaya meng­kono iku. Terus kancane mas Darma di telpuni kabeh, nanging ora ana sing ngerti.
“Nek nambani sapi edan aku ngerti, ning yen nambani wong edan aku ya ora ngerti,” kandhane mas Darma karo nggremeng. Jan-jane mas Darma ya pengin nulak panjaluke simbah, nanging piye maneh wong sing kongkon iku wong tuwa, ya ora kepenak yen arep nulak. Mas Darma akhire budhal golek sarana.
Simbahe Sutini ora gelem mulih saka omahe mas Darma, ngenteni nganti sing duwe omah oleh tamba kanggo putune. Esuke mas Darma lunga maneh menyang Solo nggolek tamba marang kancane. Sakwise mas Darma tekan omahe kancane sing jenenge Parman, pranyata Parman ya ora ngerti. Nanging bojone Parman sing malah ngerti. Jebule pakdhene bojone Par­man iku dhukun sing bisa ngobati lara stres. Langsung wae mas Darma mara nyang omahe dhukun iku. Jam 10 bengi mas Darma lagi tekan omah. Terus dhukune diinepake neng omahe mas Darma.
Esuke, simbahe mulih bareng karo mas Darma lan uga mbah Dhukun. Sakwise tekan omah, Sutini muring-muring merga simbahe wis rong dina ora mulih tanpa kabar.
“Mbah, njenengan iku menyang ngendi wae, tak goleki mrana-mrene ora ketemu. Ayo mbah, gek ndang kabeh barangmu tokna mengko tak

adhahane kerdus kae lho, isih kosong,” omonge Sutini. Batine Su­tini neng mburine simbah kok ana wong la­nang loro, sing siji aku wis kenal, je­nenge mas Darma omahe kulon ndesa. Nanging sing sijine iku ora kenal. Wonge katon se­rem, klambine sarwa ireng, nganggo kupluk ireng, akike akeh tur gedhe-gedhe, kalungan tasbih kaya gurune Sungokong, Tong Sam Cong sing ning TV kae.
Wong aneh iku banjur ngubengi omah, wiwit ngarepan nganti tekan mburi, wiwit lor omah nganti kidul omah. Bubar kuwi terus ngobong menyan karo nggremeng- nggremeng, sajake nyanyi Campur Sari karo tangane diobah-obahke kaya wong njoged kae.
Omahe Sutini disebari kembang ing kabeh pojokane. Suwene-suwe Sutini malah bingung dhewe, nanging ora nggagas. Paling mung wong edan ke­sasar, pengin golek mangan, sebab njaba kana mesti ora ana pangan. Sutini lunga. Dheweke mlebu kamar terus turu.
Ora let suwe simbahe nyeluk Sutini, “Tin, mreneya dhisik ndhuk!”
“Wonten punapa mbah.” Sutini njawab.
Sutini tangi gregah lan marani si­mbahe.
“Kene ndhuk lungguh kene, tak kan­dani,” omonge simbah. Sutini mung manut wae. Dheweke lungguh neng ngarepe wong aneh iku, lan wong aneh iku ngo­bong menyan, karo gremeng-gremeng ora jelas. Ora let suwe wong sing aneh iku kemu banyu putih banjur disemprot­ake nyang raine Sutini.
“Wong aneh, ora aturan. Banyu mambu kaya ngono kok disemprotke neng raine wong. Kowe ki edan pa piye?” Bengoke Sutini jengkel. Neng ngarepe Sutini ana ember isi banyu lan ana kembang. Banyu ember iku disokake nyang awake wong aneh mau. Banjur Sutini lunga menyang jedhing saperlu raup.
“Mbah, putumu iki pancene lagi ke­slupan dhemit Kali Kuning. Lan pancen biyasane kelakuwane kaya sing dialami Sutini iku. Sing sabar yam bah, aku mesthi bisa nambani”, omonge dhukun iku.
Sakwise Sutini metu saka jedhing, wong aneh iku mau marani Sutini karo nggawa menyan sunduk lan kembang pitung werna sing digegem neng tanga­ne. Banjur wong aneh iku ngubengi Sutini karo nyawur-nyawurake kembang me­nyang awake Sutini. Sutini ora trima.
“Wong kurang ajar!” celathune santak. “Apa aku kok anggep wis mati piye kok disawur-sawuri kembang, diobongke menyan! Oalah pancen wong edan iki! Nah, lha kae ana sapu”, batine Sutini. Sutini banjur njupuk sapu, terus nggusah wong aneh iku. Sapune digebug-gebugke wong aneh iku, nganti wong iku lunga saka omahe. Kembang-kembange diresiki dibuwang neng wetan omah. Amarga ambune kembang iku ngabreng-abreng ora ilang-ilang saka irung.
Ndelok kelakuwane Sutini sing kaya mengkono mau, simbahe saya bingung. Simbahe bali nyang omahe mas Darma, nuturake yen dheweke wedi ndelok kelaku­wane Sutini. Mas Darma ngusulke, apike Sutini digawa nyang rumah sakit jiwa wae. Simbah ya setuju, lha wong si­mbah ya ora mudheng. Sing baku Sutini enggal bisa waras, bali kaya sadurunge maneh.
Sutini sida digawa menyang RSJ Solo. Wiwitane Sutini emoh diajak lunga saka ngomah, nanging krana dirimuk simbahe yen arep diajak neng pasar tuku gerih teri, lagi Sutini gelem. Satekane pang­gonan sing dikarepake Sutini oleh antrian nomer 56. Sutini saya bingung, digawa neng panggonan sing aneh, akeh wong-wong edan, wong stress. Ning wong Sutini iku ya ora bisa maca, mulane dhe­weke ya meneng wae. Ora let suwe, sak­wise disebut nomer antriane, Sutini di­gawa mlebu ing kamar.
Lawange werna ijo, ana kacane, ning kaca iku ora bening. Ndhuwure lawang ana jam bunder gedhe banget, kayane yen nibani wong mesthi lara banget. Sutini banjur mlebu ing kamar iku mau. Ing njero kamar ana wong lanange loro sing siji wis rada tuwa lan sing siji enom kayane durung bebojowan. Uga ana wonge wadon loro sing wis tuwa kabeh, kayane galak-galak.
Sakwise iku Sutini dilungguhake neng kursi sing dhuwur, ditakoni sing aneh-aneh. Sak jam suwene Sutini neng kamar iku. Sakwise sak jam Sutini metu. Sutini nya­wang raine simbah, kayane simbah wedi banget, sumelang yen dikapak-kapakake dening putune iku. Jane Sutini sak bubare metu sangka kamar iku ya mung santa-santa wae, nanging raine simbahe abang-ireng sajak wedi campur kuwatir. Wis pokoke wedi banget. Wektu iku doktere ngundang kulawargane Sutini. Mas Darma sing mlebu neng kamar iku. Atine simbah dhag, dhig….dhug. Wis ora let suwe mas Darma metu saka kamar iku. Simbah gage nakoni mas Darma.
“Piye Dar? Ora ta Dar?”.
“Ora piye ta mbah? Doktere ngendika yen Sutini ora edan kok mbah, deweke gur bingung. Mengko yen wis tekan omah kon nakoni apa sing dipikirke Sutini,” jawabe mas Darma. Simbah lega banget atine, nanging dheweke isih kuwatir sithik ngenani apa sing dipikirke Sutini.
Kiwa tengene jam 8 bengi wong-wong lagi padha mulih. Neng tengah dalan padha mampir golek mangan ing warung, tuku bebek bakar. Tekan omah wis jam 10 wengi. Sawise tekan omah, leren se­dhela, Sutini ngomong alon-alon karo si­mbah: “Mbah, kok njenengan ki tegel tenan ta mbah karo aku. Aku kok di­ang­gep wong edan, nganti dicelukke dhukun lan digawa nyang RSJ. Atiku kelara-lara mbah. Aku isih waras mbah”, omonge Sutini karo mingseg-mingseng.
Simbahe malah melu kamisesegen. Sawise meneng tenan, Sutini terus crita sing sak benere. Sakjane Sutini mung pengin supaya dheweke lan simbahe bisa slamet saka kiyamat sing meh kedadeyan kaya sing dikabarke neng TV. Dheweke pengin ngungsi supaya ora ketekan kiya­­mat, mulane kabeh barang-barang di­wadhahi. Simbah mung bisa ngguyu ke­mekelen, nganti ora bisa ngomong. Se­mono uga mas Darma. Dheweke nganti ke­puyuh-puyuh anggone ngguyu krungu critane Sutini. Terus mas Darma njelaske menawa berita kiyamat ing TV iku mau mung film sing digawe wong manca.
“Wadhuh…. piye ki mbah, kabeh barang-barang wis tak wadhahi plastik lan ana sing tak wadhahi kerdhus. Klambi-klambi, bekakas dhapur, nganti siwur neng jedhing wae tak wadhahi. Malah kuthuk sing paling tak tresnani ya tak wadhahi plastik nanging tak wenehi beras sithik ben ora mati”, omonge Sutini.
“Oalah ndhuk-ndhuk, kuthukmu kok wadhahi plastik? Ya mati no. Piye ta kowe ki, mbok ya diangen-angen ta ndhuk-ndhuk”, celathune mas Darma karo ngam­pet guyu.
Krungu ucape mas Darma Sutini lang­sung mbrabat niliki kuthuke. Sakwise dibukak plastike, dheweke mbengok-mbe­ngok karo nangis gero-gero weruh kuthu­ke mati, uga gerih bakar lan sega jagunge wis mambu.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar